Ringkasan Berita
Artikel ini menyajikan kumpulan 60 contoh soal Penilaian Akhir Tahun (PAT) atau Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 lengkap dengan kunci jawaban. Soal-soal ini disusun untuk membantu siswa memahami materi yang diajarkan di sekolah. Latihan soal ini bertujuan mengukur pemahaman siswa serta mempersiapkan mereka menghadapi ujian akhir tahun dengan lebih matang.
Mengikuti latihan soal merupakan salah satu cara efektif untuk memahami materi dan mengevaluasi tingkat penguasaan siswa. Untuk mempersiapkan diri lebih baik lagi menghadapi PAT atau SAT, berikut adalah contoh soal PAT atau SAT Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 (Genap) tahun 2025/2026:
Rawa Pening
Ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun. Kanggo memetri desa iku ana sarate yaiku kudu nggango daging kewan saka alas. Wis meh sedina muput Wong Banarawa durung nemu kewan siji-sijia. Sajrone ngaso salah sijine wong lungguh ana wit kang rubuh. Wong kuwi mau kaget amarga wit kang ditancepi peso blati metu banyune abang. Bareng diwaspadaake jebul getih ula. Sanalika ula banjur dipateni. Daging ula dienggo sarat memetri desa.
Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa, Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas. Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting. Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip. Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis, Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa Banarawa.
“Kulo Nuwun,” Bocah Bajang ngaturake salam.
“He, sapa kowe ?” pitakon Ki Juru Mathokan.
“Kulo Baru Klinting. Kulo badhe nyuwun daging sawer, sakedhik kemawon,” kandhane Bocah Bajang.
“Kowe ora melu rekasa, arep njaluk daging ? Sing rekasa bae durung ngrasakke. Kana lunga! Gek ambumu ya ora enak kaya ngene. Lunga !” jawabe Ki Juru Mathokan, karo senggol.
“Iya, bocah ora genah, Enggal, lunga sing adoh !” aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru Mathokan.
Bocah Bajang banjur lunga. Si Bajang tekan omah Mbok Randha. Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine. Seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.
“Mbok, kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sakedhik. Mangke badhe wonten bena bandang. Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung. Mangke simbok minggah lesung. Mugi tansah manggih wilujeng,” Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.
Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran. Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake. Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa. Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa. Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.
Gandheng wis ora ana sing kuwat, Baru Klinting mbedol sada lanang wau. Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe. Saya suwe ngeleb Desa Banarawa. Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep. Mung Mbok Randha sing bisa slamet. Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening, dumuning ing kukuban Ambarawa.
-
Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. daging kewan saka ngomah
b. daging kewan saka alas
c. daging kewan laut
d. daging kewan sapi lan kebo -
Bocah Bajang mau sejatine ….
a. membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Mondhokan
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathokan -
Lurah Desa Banarawa arane ….
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan -
Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. wong desa
d. Mbok Randha -
Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c. wong desa
d. Bocah Bajang
-
Tumindake Ki Juru Mathokan kang kurang becik nalika ….
a. maringi Bocah Bajang
b. ngandhani Bocah Bajang
c. marani Bocah Bajang
d. ngusir Bocah Bajang -
Sanajan uripe rekasa, Mbok Randha iku ….
a. ngalah
b. luhur budine
c. medit
d. drengki -
Sing nyoba bedhol sada kang ditancepake bocah bajang kajaba….
a. bocah-bocah Banarawa
b. wong –wong Banarawa
c. Mbok Randha
d. Ki Juru Mathokan -
Baru Klinting nancepake … ing tengah plataran omahe Ki Juru Mathokan.
a. tongkat kayu
b. kayu jati
c. sada wulung
d. sada lanang -
Siji-sijine wong Banarawa sing bisa slamet ana ing crita dhuwur yaiku….
a. wong-wong tua
b. bocah Banarawa
c. Ki Juru Mathokan
d. Mbok Randha
-
Tilas tancepane sada metu banyune mulak-mulak gedhe .Wong ing Banarawa padha.…
a. mati klelep
b. bungah bisa lelangen
c. seneng ciblon
d. njajal karosane -
Sing dienggo Mbok Randha kanggo nyelametake awake yaiku ….
a. prau
b. lesung
c. jukung
d. gethek -
Desa Banarawa dumunung ing tlatah ….
a. Ambarketawang
b. Ambarawa
c. Purbalingga
d. Semarang -
Tujuane ula Baru Klinting tapa yaiku….
a. gayuh kamulyaning urip
b. dadi ula kang sekti
c. cepet sugih
d. dadi bocah sing kuat -
Ing ngisor iki paraga crita Rawa Pening, kajaba….
a. Mbok Randha, Baru Klinting
b. Ki Juru Mathokan, wong Banarawa
c. Baru Klinting, Ki Juru Martani
d. Bocah Bajang, bocah Banarawa -
Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Tegese tembung adat yaiku….
a. wis lumrahe
b. ora lumrah
c. piweling
d. kekarepan -
Ing ngisor iki sing dudu tegese bajang yaiku….
a. cilik
b. awak
c. kerdil
d. cacat -
Sanalika tilas tancepane sada metu banyune.Tembung banyu krama inggile….
a. latu
b. redi
c. ludira
d. toya -
Paraga kang watake becik yaiku paraga….
a. antagonis
b. protogonis
c. tritagonis
d. panyengkuyung -
Papan lan ana ngendi crita mau kedadeyan, klebu perangane….
a. seting
b. alur
c. underan
d. amanat
Pangkur
(Kapetik saka : Serat Wulangreh Anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV)
Alaning liyan den andhar
Ing becike liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong kang mangkono wateknya
Nora kena denpedhaki
-
Tembang Pangkur ing dhuwur kapethik saka….
a. Serat Walangreh
b. Serat Wulangreh
c. Serat Walungreh
d. Serat Wulungreh -
Tembang Pangkur ing duwur dianggit ….
a. Mangkunegara IV
b. Mangkunegara VI
c. Pakubuwana IV
d. Pakubuwana VI -
Tembang Pangkur kelebu tembang….
a. jawa
b. daerah
c. dolanan
d. macapat -
Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru gatra -
Cacah gatra tembang Pangkur ana….
a. 9
b. 8
c. 7
d. 6 -
Guru lagu tembang Pangkur gatra kaping papat yaiku….
a. a
b. u
c. i
d. e -
Cacahe guru wilangan tembang Pangkur gatra telu ana…
a. 12
b. 10
c. 8
d. 7 -
Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping pitu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku…
a. 8 u
b. 8 e
c. 8 a
d. 8 i -
Tembung “andhar “iku tegese….
a. dicritakake
b. disimpen
c. sambat
d. dilakoni -
Nora kena denpendhaki, ukara iku tegese….
a. ora kena disilihi
b. ora kena dikandani
c. ora kena dicedhaki
d. ora kena diapusi -
Kosok baline tembung “alane” yaiku….
a. gampang
b. susah
c. bungah
d. becik -
Watake tembang Pangkur yaiku….
a. seneng
b. sereng
c. grapyak
d. jirih -
Tumindak kaya sing disebutake ing tembang Pangkur kalebu tumindak sing….
a. prayoga
b. nistha
c. utama
d. becik -
Tembang Pangkur cocog kanggo ngandhakake pitutur luhur ngenani….
a. sekolahan
b. masyarakat
c. tata cara sinau
d. budi pekerti -
Tembang Pangkur ing duwur nuduhakae sipate wong sing….
a. gumedhe
b. lembah manah
c. apikan
d. andhap asor
kannge nomer 36-40
Reroncene Adang Tani
Kaanggit dening Trie Sutajaya
Ijo royo-royo
Gumelar sak ngisore langit biru
Angin tumiyup
Dolanan godhong pari
Kadang tani padha mesem
nyawang parine wis kuning
Ati ayem tentrem
Pari kuning
Minangka reroncene urip
Tembe mburi
-
Sing nulis geguritan ing dhuwur yaiku ….
a. Pak tani
b. Kadang tani
c. Sedulur kampung
d. Trie Elang Sutajaya -
Isine gegurutan ing dhuwur yaiku pak tani seneng atine amarga
a. ora panen
b. nandur pari
c. arep panen
d. panen gedhe -
Tegese tembung mesem ana ing geguritan mau yaiku….
a. ngguyu seneng
b. arep panen
c. rasa lara
d. ati ayem -
Kepriye atine kadang tani nalika nyawang sawahe ?
a. ing tembe mburi
b. atine ayem
c. kepingin ngguyu
d. kepingin lunga -
Geguritan ana dhuwur ana … gatra.
a. 10
b.11
c.12
d.13
teks wacan kanggo no 41-46
Sendhang Sani
Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrine pada nuju padepokan Sunan Muria. Nadyan papan dununge adoh, Sunan Kalijaga kaya-kaya ora duwe kesel babar blas. “Kaya wis tekan kadipaten Pati Pesantenan, sedela meneh tekan padepokan Muria,” ngendikane Sunan Kalijaga marang murid-murid.
Nalika wanci sembahyang dhuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit gedhe, banjur dhawuh marang Ki Rangga supaya golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.
Karakit saka Buku Rakyat dari Pati (yudono KS dan Mulyono)
-
Cerita ing dhuwur kelebu ….
a. dongeng
b. legenda
c. cerbung
d. cernak -
Panggonan sing garing kuwi panggonan ….
a. ora ana banyune
b. akeh banyune
c. ana sendange
d. akeh lebune -
Sendhang Sani ana ing wewengkon tlatah….
a. Pati
b. Kudus
c. Demak
d. Pesantren -
Sunan kalijaga lan pandhereke ngaso ana….
a. sapinggire sendhang
b. ngisor wit gedhe
c. Sendhang Sani
d. pinggir desa -
Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga garing ora ana ….
a. banyu
b. watu
c. geni
d. angin -
Tembung nadyan ana ing wacan tegese….
a. ora gelem
b. nanging
c. supaya
d. dadi
-
Kegiyatan maca naskah/teks kanthi tujuan nemokake kesalahan diarani ….
a. ngringkes
b. maca
c. nyunting
d. nulis carita -
Panulisan tembung ana ukara kudu bener, ngaggo aksara kapital utawa aksara cilik. Punika cara penulisan nganggo ….
a. isi ringkesan
b. tanda wacan
c. ukara
d. ejaan kang bener -
Nalika kanca carita ana ngarep kelas kanca liane kudu menehi….
a. ngece
b. suara
c. hadiah
d. saran -
Kewan kuwi arep kanggo memetri desa(…), tandha wacan kang trep ing njero kurung yaiku ….
a. koma
b. titik loro
c. titik koma
d. titik
Teks kanggo nomer 51-59.
Nalika semana, kasultanan Demak dipimpin pangeran Made Pandan, duwe putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijing dini pangeran, putra, lan abdine lelana tekan alas banjur bukak alas kanggo nandur lan pomahan. Durung ngrasakake hasile, Pangeran seda ninggal weling “Ngger anakku. Olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan ditinggalake amarga mengkone dadi panggonan kang reja.”
Sawijining dina pangeran Pandan Arang ngendika “Rakyatku lemah subur nanging ana wit asem kang thukule arang-arang banjur papan iki tak jenengi semarang,saka tembung asem kang arang-arang”
51.Irah-irahan kang trep yaiku ….
a. Semarang
b. Kutha Semarang
c. Artine Semarang
d. Asal Usul Semarang
-
Tembung reja ing cerita dhuwur tegese ….
a. seda
b. subur
c. tentrem
d. ijo royo-royo -
Paraga ana cerita ing dhuwur ….
a. Pangeran Made Ppandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Rakyate
d. Pangeran Made Pandan, Pangeran Pandan Aran, Rakyate -
Pangeran Made Pandan seda ana ing ….
a. pomahan ing alas
b. desa Pandanaran
c. kesultanan Demak
d. alas kang gedhe -
Watake Pangeran Pandan Arang manut carita kuwi yaiku ….
a. manut marang wong tuwa
b. welas asih marang abdine
c. seneng nglawan bapake
d. sakti mandraguna -
Pesene Pangeran Made Pandan kanggo putrane ana carita ing dhuwur yaiku ….
a. rajin sinau lan nabung
b. bekti marang wong tuwa
c. ora ninggalake papan kuwi
d.njenengi papan kuwi dadi Sermarang -
Sing njenengi Semarang yaiku ….
a. Pangeran Made Pandan
b. Pangeran Pandan Arang
c. Baru Klinthing
d. Pandanaran -
Tembung Semarang asale saka ….
a. asem larang
b. asem kang arang-arang
c. wit asem garing
d. meseme arang-arang -
Panggonan iku dijenengi Semarang amarga ing panggonan kuwi ….
a. subur lan aneh anget
b. akeh tethukulan ijo royo-royo
c. thukul wit asem sing arang-arang
d. tandhuran asem thukul ana karang -
Ing cerita “Srikandi Madeg Senopati”, Srikandi kuwi garwane ….
a. Pandhawa
b. Raden Werkudara
c. Raden Janaka
d. Prabu Kresna
Kunci Jawaban
1. B
2. A
3. D
4. C
5. D
6. D
7. B
8. C
9. D
10. D
11. A
12. B
13. B
14. A
15. C
16. A
17. B
18. D
19. B
20. A
21. B
22. C
23. D
24. C
25. C
26. A
27. C
28. D
29. A
30. C
31. D
32. B
33. B
34. D
35. A
36. D
37. C
38. A
39. B
40. A
41. B
42. A
43. A
44. B
45. A
46. B
47. C
48. D
49. D
50. D
51. D
52. B
53. D
54. D
55. A
56. C
57. B
58. B
59. C
60. C











